A CHAT

Wagiman motone abuh koyok mari dikamplengi wong

  • Wonokairun: "Opo'o motomu iku?"
  • Wagiman: "Aku wingi pas tuku tiket antri nang mburine wong wedhok awake guedhe dhuwur"
  • Wonokairun: "Terus wong iku sampean jawil-jawil?"
  • Wagiman: "Ngene lho, rok'e wong wedhok iku nylempit nang bokonge, terus ta tarik ben ketok rapi, ndadak motoku sing kiwo dikampleng"
  • Wonokairun: "Mangkane ta ojok ngglitis! Terus sing kanan kok yo abuh?'
  • Wagiman: "Tak pikir dekne gak seneng nek rok'e ta benakno, terus rok'e tak slempitno maneh nang bokonge... Ndadak aku dikampleng maneh...."